Jumat, 09 Maret 2012

Materi UTS 2 kl VIII


Persiapan UTS II Kelas VIII
Bahan:
-         Buku paket basa Jawa
-         Buku Tuntas basa Jawa
-         Buku catetan

1.        Perangane layang : adangiyah, bebuka, surasa basa, wasana basa, titi mangsa, peprenah, tapak asma
Adangiyah = alamat kang dituju
Bebuka = menehi kabar keslametan
Surasa basa= isining layang
Wasana basa= panutuping layang
Titi mangsa= tanggal,sasi, lan taune nalika nulis layang
Peprenah = kaprenah apa tumrap sing kokkirimi layang : ingkang putra, saking wayah
Tapak asma utawa tanda tangan.
2.       Bebasan
Yaiku unen-unen sing ajeg panganggone, isi surasa pepindhan tumrap kahanane wong.
Tuladha:
1. Emban cindhe emban siladan
    Tegese: pilih kasih
2. Idu didilat maneh
Tegese : janji wis dikandhake dijabel.
3.       Paribasan
Yaiku unen-unen sing ajeg panganggone,ateges apa anane.
Tuladha:
Katula-tula katali
=wong kang nandang susah terus-terusan.
4.       Saloka
Yaiku tetembungan kang ajeg panganggone,nanging sinamun ing upama utawa pepindhan.
Contone:
Cebol nggayuh lintang : duwe kekarepan sing mokal kalakone.
Endhas gundhul dikepeti : wis kepenak dikepenake.
5.       Unsur intrinsik ana ing cerkak yaiku
Irah-irahan : judul ( kanggo nggambarake isine cerkak).
Tema : dasare crita utawa idhe dasar crita.
Alur : reroncen kadadean-kadadean ing crita.
Paraga : tokoh crita utawa tokoh sing dicritakake.
Latar : papan,wektu,lan swasana ing crita.
Watake paraga : sipat-sipat sing diduweni paraga.
Amanat : pesen utawa piwulang kang dikandhut crita.
Sudut pandang : posisine pangripta ing crita, dadi pengamat ing njaba crita utawa dadi paraga ing njerone crita.
6.       Ukara Lamba
Uga diarani ukara ganep. Tegese ukara kang nduweni jejer lan wasesa ganep.
Tuladha :  Marjana turu
7.       Ukara Camboran
Ukara camboran ing basa Indonesia kasebut kalimat majemuk. Yaiku ukara loro dirangkep dadi  siji.
Tuladha:
 Asmali dolanan neker, dene Astuti dolanan boneka.
8.       Jinise Panambang lan Tegese
1.       Panambang a-:
a.              Akon                    : tangia ( akon supaya tangi )
b.              Sanajan                                :  pintera ( sanajan pinter )
c.               Ngarep-arep      : udana ( ngarep-arep supaya udan ).
2. Panambang –e
a.              Pandarbe ( milik ) : omahe ( omah darbeke )
3. Panambang –en
a.              Nandhang           : beleken ( nandhang lara belek)
b.         Akon                     : jupuken ( akon supaya jupuk )
4. Panambang –an
a.     Piranti                   : garisan ( piranti kanggo nggaris )
b.    Panggonan         : sekolahan ( panggonan kanggo sekolah )
c.     Sing                        : panganan ( sing dipangan )
d.    Nganggo              : sarungan ( nganggo sarung )
5. Panambang –ana
Tegese akon nindakake : saponana ( akon nindakake nyapu )
9.       Tembung Rangkep
10.   Yaiku tembung sing dirangkep utawa dibaleni wandane utawa amung sebagian wandane ( suku kata).
Jinising tembung rangkep:
1. Dwilingga (sing dirangkep linggane )
Contone : omah-omah,mlaku-mlaku
2. Dwilingga salin swara ( sing dirangkep linggane/kata dasar,nanging swarane owah/malih).
Contone : mloka-mlaku,mongan-mangan.
3. Dwipurwa (sing dibaleni wanda ngarep=purwane).
Contone : tuku-tutuku=tetuku,
4. Dwiwasana ( sing dibaleni wanda mburi=wasana)
Contone : cekikik,jegeges,cekakak,celuluk.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !
1.       Sebutna sing kudu digatekake nalika nindakake pacelathon !
2.       Gawea tuladha ukara tandhuk lan ukara tanggap ( 2 wae )!
3.       Sebutna kang kudu digatekake nalika nulis lapuran !
4.       Sebutna format/ isine laporan kunjungan ing sawijining papan !
5.       Tulisen nganggo aksara Jawa !
a.       Dalan rame
b.      Pados laron
c.       Suwidak papat
d.      Wonten dompet
e.      Panganan apa sing paling kok senengi
f.        Ingkang kula remeni  inggih punika arem-arem kaliyan sambel goring kenthang.

“Samubarang gegayuhan mbutuhake perjuangan”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar