Jumat, 09 Maret 2012

Materi B.Jawa Kl 7 UTS 2


Persiapan UTS II Kelas VII
SMP Muhammadiyah Program Khusus Surakarta
Tahun 2010/2011

  1. Basa Krama
Ngoko lugu           : Simbah lagi lara wetenge
Ngoko alus            : Simbah lagi gerah padharane
Krama alus            : Simbah nembe gerah padharanipun.

  1. Tembang macapat
Tembang macapat uga diarani sekar alit utawi tembang cilik. Wujude sekar macapat ana 11.
Paugeranipun tembang macapat:
a. guru gatra          : cacahing larikan saben sapada ( sabait )
b. guru wilangan   : cacahing wanda ( suku kata ) saben sagatra.
c. guru lagu/dhong-dhing : taibanipun aksara swara ( vokal ) wonten ing saben sagatra.
  1. Tembung kriya.
Tembung kriya ana ing basa Indonesia tegese “kata kerja”. Wujude tembung kriya ana 2 :
  1. kriya tanduk ( kata kerja aktif ) : cirine nganggo ater-ater : anuswara ( n,ny,m ng).
Tuladha : n + tari = nari
                  Ny + sapu = nyapu
  1. kriya tanggap ( kata kerja pasif) : cirine nganggo ater-ater tri purusa ( dak-,kok-,di-) lan seselan –in-
Tuladha : dak + gawa=dakagawa
                  Kok + banting = kokbanting
                  Tulis + in = tinulis
  1. Geguritan
Geguritan= puisi bebas=puisi modern abasa jawi.
Purwakanthi = unen-unen ingkang runtut saha endah wonten geguritan.
Maceme ana 3 :
  1. Purwakanthi swara : ingkang sami swantenipun aksara swara ( vokal : a,i,u,e,o)
Tuladha : gemi setiti ngati-ati ( i ).
  1. Purwaknthi sastra : ingkang sami penyeratipun swanten sigeg /konsonan.
Tuladha : sluman slumun slamet ( s,l)
                  Putarane petruk padha padu.
  1. Purwakanthi basa/lumaksita  : ingkang sampun diangge, dipun angge malih wonten ing gatra salajengipun.
Tuladha : bayem arda, ardane ngrasuk busana ( arda ).
  1. Dongeng
Yaiku crita karangan sing ngayawara lan mokal bisa kalakone.
Wujude dongeng : fabel, legenda, mite, sage, gegedhug ( wiracarita ): crita kang ngandarake para linuwih ing jaman kuna. ( Tuladhane : Gajah Mada, Wali Sanga ).
6. Perangane layang : adangiyah, bebuka, surasa basa, wasana basa, titi mangsa, peprenah, tapak asma
Adangiyah = alamat kang dituju
Bebuka = menehi kabar keslametan
Surasa basa= isining layang
Wasana basa= panutuping layang
Titi mangsa= tanggal,sasi, lan taune nalika nulis layang
Peprenah = kaprenah apa tumrap sing kokkirimi layang : ingkang putra, saking wayah
Tapak asma utawa tanda tangan.
  1. Tembung lingga = kata dasar.
7. Tembung dwilingga ( dwilingga salin swara, dwipurwa, dwiwasana ).
8. Tembung entar = tembung sing dudu salugune
Tuladha : Bocah kok rai gedheg ( = ora duwe isin )
9. Ukara prentah.
10. Cangkriman
Tuladha : pitik walik saba kebon = nanas
Barang bosol  malah enak = …………..
Tibane ana ngisor, sing digoleki ana ing dhuwur =………….
11. Wangsalan = kaya cangkriman, nanging batangane sinebut ing ukara candhake, sarana disrempet bae.
Tuladha :jenang gula ( =glali ), aja lali marang wong tuwa.
Rokok cendhak ( = tegesan ), mbok aja sok seneng neges-neges.
12. Sanepa = unen-unen kang nduweni teges kosok balen. Karepe  kanggo mbangetake.
Tuladha : - Ambune arum jamban = bacin banget.
Jamban iku mesthi bacin ambune, nanging isih kaanggep wangi. Mula, tegese ambune bacin banget .
-          Polahe anteng kitiran = polahe rongeh /ora karuwan.
Kitiran ( sing mubeng ) kaanggep anteng. Mula tegese polahe rongeh/ora karuwan.
-Tatune arang kranjang, playune banter keong, eseme pait madu, kawruhe jero tapak meri, awake kuru semangka dll.
13. Golekana tegese!
Jembar segarane=………….
Kebo nusu gudel=………..
Tulung menthung=…………
Tumbak cucukan=……………
14. Pewayangan
Lakon wayang kuwi akeh cacahe. Umpamane Petruk Dadi Ratu, Kresna Duta, Laire Gathutkaca, Semar Mbangun Kahyangan, Gathutkaca Palastra lan sapanunggalane.
Piranti pewayangan = kelir, keprak, blencong, gamelan, waranggana, niyaga, dll.
15. Purwakanthi = ana 3 yaiku purwaknthi swara, sastra, lan basa
a. Purwakanthi swara= suwarane utawa vokale padha.
Tuladha : Tamba teka, lara lunga
b. Purwakanthi sastra = sing runtut sastrane, tulisane.
Umume manggon ing wiwitaning tembung utawa tengahing tembung.
Tuladha : Dikethok-kethok  kayan lombok, dirajang-rajang kaya brambang.
c. Purwaknthi basa = purwakanthi sing pungkasaning gatra, ngarep runtut karo wiwitane gatra mburi.
Tuladha : Kolik priya, priyagung Anjani putra
16. Tembung saroja= tembung kang padha tegese digandeng dadi siji ngemu surasa mbangetake.
Tuladha : adi luhung = apik banget; welas asih=asih banget.














“Samubarang gegayuhan  mbutuhake perjuangan “
 
 


















Materi UTS 2 kl VIII


Persiapan UTS II Kelas VIII
Bahan:
-         Buku paket basa Jawa
-         Buku Tuntas basa Jawa
-         Buku catetan

1.        Perangane layang : adangiyah, bebuka, surasa basa, wasana basa, titi mangsa, peprenah, tapak asma
Adangiyah = alamat kang dituju
Bebuka = menehi kabar keslametan
Surasa basa= isining layang
Wasana basa= panutuping layang
Titi mangsa= tanggal,sasi, lan taune nalika nulis layang
Peprenah = kaprenah apa tumrap sing kokkirimi layang : ingkang putra, saking wayah
Tapak asma utawa tanda tangan.
2.       Bebasan
Yaiku unen-unen sing ajeg panganggone, isi surasa pepindhan tumrap kahanane wong.
Tuladha:
1. Emban cindhe emban siladan
    Tegese: pilih kasih
2. Idu didilat maneh
Tegese : janji wis dikandhake dijabel.
3.       Paribasan
Yaiku unen-unen sing ajeg panganggone,ateges apa anane.
Tuladha:
Katula-tula katali
=wong kang nandang susah terus-terusan.
4.       Saloka
Yaiku tetembungan kang ajeg panganggone,nanging sinamun ing upama utawa pepindhan.
Contone:
Cebol nggayuh lintang : duwe kekarepan sing mokal kalakone.
Endhas gundhul dikepeti : wis kepenak dikepenake.
5.       Unsur intrinsik ana ing cerkak yaiku
Irah-irahan : judul ( kanggo nggambarake isine cerkak).
Tema : dasare crita utawa idhe dasar crita.
Alur : reroncen kadadean-kadadean ing crita.
Paraga : tokoh crita utawa tokoh sing dicritakake.
Latar : papan,wektu,lan swasana ing crita.
Watake paraga : sipat-sipat sing diduweni paraga.
Amanat : pesen utawa piwulang kang dikandhut crita.
Sudut pandang : posisine pangripta ing crita, dadi pengamat ing njaba crita utawa dadi paraga ing njerone crita.
6.       Ukara Lamba
Uga diarani ukara ganep. Tegese ukara kang nduweni jejer lan wasesa ganep.
Tuladha :  Marjana turu
7.       Ukara Camboran
Ukara camboran ing basa Indonesia kasebut kalimat majemuk. Yaiku ukara loro dirangkep dadi  siji.
Tuladha:
 Asmali dolanan neker, dene Astuti dolanan boneka.
8.       Jinise Panambang lan Tegese
1.       Panambang a-:
a.              Akon                    : tangia ( akon supaya tangi )
b.              Sanajan                                :  pintera ( sanajan pinter )
c.               Ngarep-arep      : udana ( ngarep-arep supaya udan ).
2. Panambang –e
a.              Pandarbe ( milik ) : omahe ( omah darbeke )
3. Panambang –en
a.              Nandhang           : beleken ( nandhang lara belek)
b.         Akon                     : jupuken ( akon supaya jupuk )
4. Panambang –an
a.     Piranti                   : garisan ( piranti kanggo nggaris )
b.    Panggonan         : sekolahan ( panggonan kanggo sekolah )
c.     Sing                        : panganan ( sing dipangan )
d.    Nganggo              : sarungan ( nganggo sarung )
5. Panambang –ana
Tegese akon nindakake : saponana ( akon nindakake nyapu )
9.       Tembung Rangkep
10.   Yaiku tembung sing dirangkep utawa dibaleni wandane utawa amung sebagian wandane ( suku kata).
Jinising tembung rangkep:
1. Dwilingga (sing dirangkep linggane )
Contone : omah-omah,mlaku-mlaku
2. Dwilingga salin swara ( sing dirangkep linggane/kata dasar,nanging swarane owah/malih).
Contone : mloka-mlaku,mongan-mangan.
3. Dwipurwa (sing dibaleni wanda ngarep=purwane).
Contone : tuku-tutuku=tetuku,
4. Dwiwasana ( sing dibaleni wanda mburi=wasana)
Contone : cekikik,jegeges,cekakak,celuluk.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !
1.       Sebutna sing kudu digatekake nalika nindakake pacelathon !
2.       Gawea tuladha ukara tandhuk lan ukara tanggap ( 2 wae )!
3.       Sebutna kang kudu digatekake nalika nulis lapuran !
4.       Sebutna format/ isine laporan kunjungan ing sawijining papan !
5.       Tulisen nganggo aksara Jawa !
a.       Dalan rame
b.      Pados laron
c.       Suwidak papat
d.      Wonten dompet
e.      Panganan apa sing paling kok senengi
f.        Ingkang kula remeni  inggih punika arem-arem kaliyan sambel goring kenthang.

“Samubarang gegayuhan mbutuhake perjuangan”