Persiapan UTS II Kelas VII
SMP Muhammadiyah Program Khusus Surakarta
Tahun 2010/2011
- Basa Krama
Ngoko lugu : Simbah lagi lara wetenge
Ngoko alus : Simbah lagi gerah padharane
Krama alus :
Simbah nembe gerah padharanipun.
- Tembang macapat
Tembang macapat uga diarani sekar
alit utawi tembang cilik. Wujude sekar macapat ana 11.
Paugeranipun tembang macapat:
a. guru gatra :
cacahing larikan saben sapada ( sabait )
b. guru wilangan : cacahing wanda ( suku kata ) saben sagatra.
c. guru lagu/dhong-dhing : taibanipun aksara
swara ( vokal ) wonten ing saben sagatra.
- Tembung kriya.
Tembung kriya ana ing basa Indonesia
tegese “kata kerja”. Wujude tembung kriya ana 2 :
- kriya tanduk ( kata kerja aktif ) : cirine nganggo ater-ater : anuswara ( n,ny,m ng).
Tuladha : n + tari = nari
Ny
+ sapu = nyapu
- kriya tanggap ( kata kerja pasif) : cirine nganggo ater-ater tri purusa ( dak-,kok-,di-) lan seselan –in-
Tuladha : dak + gawa=dakagawa
Kok
+ banting = kokbanting
Tulis
+ in = tinulis
- Geguritan
Geguritan= puisi bebas=puisi modern abasa jawi.
Purwakanthi = unen-unen ingkang
runtut saha endah wonten geguritan.
Maceme ana 3 :
- Purwakanthi swara : ingkang sami swantenipun aksara swara ( vokal : a,i,u,e,o)
Tuladha : gemi setiti ngati-ati ( i ).
- Purwaknthi sastra : ingkang sami penyeratipun swanten sigeg /konsonan.
Tuladha : sluman slumun slamet (
s,l)
Putarane petruk padha padu.
- Purwakanthi basa/lumaksita : ingkang sampun diangge, dipun angge malih wonten ing gatra salajengipun.
Tuladha : bayem arda, ardane ngrasuk busana ( arda ).
- Dongeng
Yaiku crita karangan sing ngayawara lan mokal bisa kalakone.
Wujude dongeng : fabel, legenda, mite, sage, gegedhug ( wiracarita ): crita
kang ngandarake para linuwih ing jaman kuna. ( Tuladhane : Gajah Mada, Wali
Sanga ).
6. Perangane layang
: adangiyah, bebuka, surasa basa, wasana basa, titi mangsa, peprenah, tapak
asma
Adangiyah =
alamat kang dituju
Bebuka =
menehi kabar keslametan
Surasa basa=
isining layang
Wasana basa=
panutuping layang
Titi mangsa=
tanggal,sasi, lan taune nalika nulis layang
Peprenah =
kaprenah apa tumrap sing kokkirimi layang : ingkang putra, saking wayah
Tapak asma
utawa tanda tangan.
- Tembung lingga = kata dasar.
7. Tembung dwilingga ( dwilingga
salin swara, dwipurwa, dwiwasana ).
8. Tembung entar = tembung sing
dudu salugune
Tuladha :
Bocah kok rai gedheg ( = ora duwe isin )
9. Ukara prentah.
10. Cangkriman
Tuladha :
pitik walik saba kebon = nanas
Barang
bosol malah enak = …………..
Tibane ana
ngisor, sing digoleki ana ing dhuwur =………….
11. Wangsalan = kaya cangkriman, nanging batangane sinebut ing ukara
candhake, sarana disrempet bae.
Tuladha
:jenang gula ( =glali ), aja lali marang wong tuwa.
Rokok cendhak ( = tegesan ),
mbok aja sok seneng neges-neges.
12. Sanepa = unen-unen kang
nduweni teges kosok balen.
Karepe kanggo mbangetake.
Tuladha : -
Ambune arum jamban = bacin banget.
Jamban iku
mesthi bacin ambune, nanging isih kaanggep wangi. Mula, tegese ambune bacin
banget .
-
Polahe anteng
kitiran = polahe rongeh /ora karuwan.
Kitiran ( sing
mubeng ) kaanggep anteng. Mula tegese polahe rongeh/ora karuwan.
-Tatune arang
kranjang, playune banter keong, eseme pait madu, kawruhe jero tapak meri, awake
kuru semangka dll.
13. Golekana tegese!
Jembar
segarane=………….
Kebo nusu
gudel=………..
Tulung
menthung=…………
Tumbak
cucukan=……………
14. Pewayangan
Lakon wayang
kuwi akeh cacahe. Umpamane Petruk Dadi Ratu, Kresna Duta, Laire Gathutkaca,
Semar Mbangun Kahyangan, Gathutkaca Palastra lan sapanunggalane.
Piranti
pewayangan = kelir, keprak, blencong, gamelan, waranggana, niyaga, dll.
15. Purwakanthi = ana 3 yaiku
purwaknthi swara, sastra, lan basa
a. Purwakanthi
swara= suwarane utawa vokale padha.
Tuladha :
Tamba teka, lara lunga
b. Purwakanthi
sastra = sing runtut sastrane, tulisane.
Umume manggon
ing wiwitaning tembung utawa tengahing tembung.
Tuladha :
Dikethok-kethok kayan lombok, dirajang-rajang kaya
brambang.
c. Purwaknthi
basa = purwakanthi sing pungkasaning gatra, ngarep runtut karo wiwitane gatra
mburi.
Tuladha :
Kolik priya, priyagung Anjani putra
16. Tembung saroja= tembung kang
padha tegese digandeng dadi siji ngemu surasa mbangetake.
Tuladha : adi
luhung = apik banget; welas asih=asih banget.
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar